Nglebur Wirang

Rp90.000

Only 3 item(s) left in stock.
+
  •  Tanya Kami

    Nglebur Wirang

    Rp90.000

    Tanya Kami

      ... Orang melihat ini sekarang

      Share
    Keamanan Transaksi TerjaminTrust

    Judul : Nglebur Wirang

    Penulis : Yosep Bambang Margono

    Sinopsis Buku :

    Ora ana manungsa sing bisa mangerteni apa sing bakal dumadi. Wong Jawa, utawa manungsa umume ing sadhengah papan, duwe kapercayan yen mung Gusti Sing Murbeng Dumadi sing pirsa sakabehe, mbuh ing wektu kepungkur, saiki, apa ing wektu kang bakal teka. Nanging, manungsa kajibah mbudidaya. Ana sing kasil utawa sukses; ana sing ora kasil utawa gagal. Arep kasil upayane apa ora, manungsa ya ora ngerti. Yen begja, manungsa nemu kabegjan lan kabagyan; dene yen cilaka, manungsa ya nemu kacilakan lan kedhungsang-dhungsang ing uripe.

    Bengi kuwi, teka ngomah saka nyambut gawe, priya sing duwe omah kuwi ora bisa enggal turu. Dene bojone sedhela bae wis ngeloni anake sing cilik dhewe lan banjur turu angler. Gandheng ora bisa turu, dheweke lungguhan ana ing teras karo nggawa wedang kopi kenthel lan rokok senengane. Dheweke banjur ngetung, wis pirang taun anggone urip ing Jakarta, wis pirang taun omah-omah nganti anak-anak telu. Anak mbarepe, lanang, wis SMA kelas telu; sing nomer loro wedok, SMP kelas 3, lan sing ragil lanang maneh, SD kelas 6. Sendhang kapit pancuran–mangkono kandhane wong tuwa-tuwa ing desa. Nanging ing Jakarta, ora ana maneh wong sing ngomong kaya ngono kuwi.

    Dheweke tansah matur nuwun marang Sing Gawe Urip amarga diparingi kanikmatan kang tanpa pepindhan. Sak atase nalika semana tekan Jakarta ora nggawa apa-apa kajaba dhuwit simpenane, lha kok saiki bisa urip kecukupan. Malah yen dipikir-pikir, ora mung cukup. Katandhingake karo wong tuwane, dheweke duwe dhuwit luwih akeh. Yen lemah dheweke pancen ora duwe kajaba ya mung omah sing ana turahane lemah sithik kuwi wong jenenge bae urip ing kompleks perumahan.

    Based on 0 reviews

    0.00 Overall
    0%
    0%
    0%
    0%
    0%
    Be the first to review “Nglebur Wirang”

    Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

    Reviews

    There are no reviews yet.

    Kategori:
    Close Keranjangku
    Close Daftar Keinginan
    Recently Viewed Close
    Close

    Close
    Navigation
    Kategori